Sabtu, 26 April 2008

Langgam jowo

Plong
Plong rasaning njero dadaku
Rasane mak plong lego atiku
Wis ora nyut-nyut sirahku
Saiki aku wis ora ngelu
Plong rasane njero dadaku
Rasane mak plong lego atiku
Wis ora dag dig dug jantungku
Saiki wis mari kangenku
Rasane ….he….he…yo mak plong
Rasane kepiye….plong plong plong
Rasane koyo ketiban ndaru
Lintang kamulyan nibani dadaku
Sing lali wise ling karo aku
Gelem mulih gelem bali karo aku
Njamur gunung rasane nggumun setaun
Ora rugi rino wengi nggonku nyuwun
Matur nuwun pancen kuwi sing tak suwun
Rasane yo mak plong
Rasane plong plong plong


Layang Kangen
Layangmu tak tompo wingi kuwi
Wis tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ra kroso netes eloh ning pipiku
Upomo tanganku dadi suwiwi
Iki ugo aku arep enggal bali
Wis kepriye maneh mergo kaananku
Cah ayu entenono tekaku
Ra maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo arep turu angel merem
Ra maido sopo wong sing ora trenyuh
Ra kepethuk sak wetoro pingin weruh
Percoyo aku kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku


Ojo Sujono
Aku wis ngaku salah kondho sak nyatane
Saka ati ramung ono lambe
Geni sing ning ati enggal disirami
Yoben adem koyo dek wingi
Mbok wis ojo sujono ojo nyikso rogo
Tresno kuwi mesthi ono godho
Wowo sing ning dodo enggal dileremno
Yoben tentrem koyo dek semono
Ronce-ronce melati kembange rawe
Pupus klopo sing ngelingke
Nganti tuwo aku isih tresno kowe
Senajan ono godho sepiro akehe





Kusumaning Ati
Kusumaning ati duh wong ayu kang tak anti-anti
Mung tekamu biso gawe tentreme atiku
Biyen nate janji tak ugemi ora bakal lali
Tur kelingan jroning ati sak bedahing bumi

Kadong koyo ngene saiki piye karepe
Malah mirangake
Manis pambukane kok pahit tibo mburine
Pancen mangkelake

Amung pamujiku mugo-mugo ra ono rubedo
Sak pungkure nggonmu lungo ora kondho-kondho


Tanjung Mas

Bebasan koyo ngenteni
Udane mongso ketigo
Senajan mung sedelo ora dadi ngopo
Penting biso ngademke ati
Semono ugo rasane atiku
Mung tansah nunggu tekamu
Ra kroso setaun kowe ninggal aku
Kangen, kangene atiku
Aku sih kelingan nalikaning pelabuhan
Kowe janji lungo ra ono sewulan
Nanging saiki wis ngluwihi janji
Nyatane kowe ora bali-bali
Ning pelabuhan Tanjung Mas kene
Biyen aku ngeterke kowe
Ning pelabuhan Semarang kene
Aku tansah ngenteni kowe


Ojo Lamis
Ojo sok gampang janji mung manis
Yen to among lamis
Becik aluwung prasojo nimas
Ora agawe cuwo
Tansah ngugemi janjimu wingi
Jebul among lamis
Koyo ngenteni tukule jamur
Ing mongso ketigo
Aku iki prasasat loro tan antuk jampi
Mbok ojo amung lamis
Kang uwis dadine amung didis
Akeh tuladha kang demen cidro
Uripe rekasa
Milih sa’wiji endi kang suci
Ngganggo biso mukti




Kasmaran
Yen arep crito karo sopo
Yen ora crito kok tambah nelongso
Oo… soyo suwe kok ngene rasane
Sedino-dino kok ngatoni wae
Yen ora sambat wis ra kuat
Arep njaluk tulung bingung leh ku nembung
Tekan sok kapan iso mendem iki
Kasmaran kenyo kang kepati-pati
Tindak-tanduke kalem ra digawe
Larang eseme nggregetake
Yo ben mung ngimpi wis ra popo
Yen ati iki iso dadi lego
Deweke teko lan kandha yen tresno
Piye-piye aku pasrah lan lilo


Luntur
Yen lunturo wenterane
Ora koyo yen luntur tresnane
Tekan-tekane atine
Koyo-koyo mung saksire dewe
Ora sembodo mbiyene
Saben dino mung tansah methuk-ke
Saben kepetuk tembunge
Angrerepe dadio duweke
Ora maido kolo mongso
Mung sok gawe gelo
Ewo semono nganti biso
Anglunturke tresno
Ditambakno mrono mrene
Tiwas tiwas ndedowo larane
Nanging tombo sejatine
Ora liyo mung awake dewe